Sunday, November 22, 2015

KENONG, KETHUK, KEMPYANG

Gamelan Jawa yaiku ensembel utawa gabungan alat musik kang urip ing Jawa Tengah, Yogyakarta lan uga sebagéyan Jawa Wetan. Musik gamelan Jawa iki nduweni khas menawa dibandingake karo musik dhaerah liya. Nadane luwih lembut saha luwih alus tinimbang gamelan Bali utawa gamelan Sundha. Irama gamelan jawa nggambarake selarasing urip kayata sing dianut pawongan Jawa. Instrumen utawa alat kang ana ing gamelan Jawa asale saka swara gong, kenong, kendang, bonang, bonsang penerus, demung, saron peking, kenong, kethuk, slenthem, gender,  gambang, rebab, siter, suling, kempul, kendhang, lan sakpanunggalane.



Kenong kalebu salah sawijining alat musik kang nyusun gamelan Jawa. Kenong biasane dimainake kanthi cara dithuthuk nganggo alat pukul kayu kang dililit kain lan cacahe siji. Alat iki yaiku pangisi akor utawa harmoni ing gamelan, fungsine kenong kanggo panentu bates-bates gatra, negasake irama. Kenong uga kalebu alat musik pencon, ananging luwih gedhe tinimbang bonang. Jumlahe kenong ing sak paket (set) ana macem-macem, nanging biasane ana 10.

Kenong kalebu instrumen pencon gamelan sing paling lemu yen dibandingake karo kempul lan gong, sing asline gedhe ananging gepeng. Kenong iki ditata ing pangkon kang arupa kayu atos sing dialasi tali, saengga nalika dithuthuk kenong ora goyang ing samping nanging goyang ngisor ndhuwur, saengga bisa ngasilake swara. Bentuk kenong kang gedhe bisa ngasilake swara kang endhek nanging nyaring lan nduweni timbre sing khas (ing talingane wong Jawa munine ning-nong, mula dijenengake kenong). Ing gamelan, swara kenong ngisi sela-selaning antara kempul. Saben pencon ing kenong nduweni sak laras kang macem wernane, antaraning 1 (ji) nganti 6 (nem).
Kethuk-Kempyang yaiku rong instrumen kang bentuke pencon. Ukurane kethuk luwih cilik tinimbang kenong nanging luwih ndhuwur. Menawa kempyang, ukurane rada gedhe cendhek lan amba. Dipanggonake kiwa tengen (horizontal) lan ditumpangake ing rancakan kang wis dipasangi pluntur (tali kang ditegangake ing rancakan) minangka dadi anjang-anjang. Kempyang meh padha karo kethuk, ananging nduweni béda titi laras. 

Referensi :
http://budayaindonesia12.blogspot.co.id/2014/03/kethuk-kempyang.html
https://id.wikipedia.org/wiki/Gamelan_Jawa
https://jv.wikipedia.org/wiki/Gamelan_Jawa
https://id.wikipedia.org/wiki/Kenong
https://jv.wikipedia.org/wiki/Kempyang
https://jv.wikipedia.org/wiki/Kethuk

Tuesday, September 29, 2015

Tuladha Purwakanthi

Purwakanthi yaiku tetembungan jawa kang padha swarane, padha aksarane, utawa meh padha salin swarane ing wiwitan lan wekasane. Purwakanthi ana telung werna, yaiku :

1.      Purwakanthi guru swara utawi saged dipunsebat asonansi, inggih menika ambalaning swanten vokal ing satunggaling ukara utawa gatra wonten ing tembang.
Tuladha :
a.       Ana awan, ana pangan
b.      Ana rina ana sega
c.       Becik ketitik, ala ketara
d.      Entek amek kurang golek
e.       Gelem obah mesthi mamah
f.       Gemi nastiti ngati-ati
g.      Jago kate wanine cedhak omahe
h.      Kembang terong, gelem ngesong suthik kelong
i.        Negara mawa tata, desa mawa cara
j.        Ora uwur ora sembur
k.      Tamba teka lara lunga
l.        Tuna satak bathi sanak
m.    welinging guru, wong iku kudu mituhu marang bapa ibu, supaya slamet sing tinemu
n.    Wong cilik, gaweane iplik, bayare setithik

2.       Purwakanthi guru sastra utawi saged dipunsebat aliterasi, inggih menika ambalaning swanten konsonan ing satunggaling ukara utawa gatra wonten ing tembang.
Tuladha :
a.       Bibit, bobot, bebet
b.      Janji jujur jajahane mesthi makmur.
c.       Kala kula kelas kalih kalung kula keli kalen kilen kula, kalung kula kelip-kelip kula kulup-kulup
d.      Katula -tula katali
e.       Ma lima yaiku : madat, main, madon, maling, minum
f.       Mingkar mingkuring ukara
g.      Pak Karta tuku kertu dhuwite kertas, nunggang kreta pating kertep liwat Kreteg Kertasana
h.      Petruk patroli karo putrani loro putra putrid
i.        Rarah, ririh, ruruh, ngarah-arah
j.        Sapa salah bakal seleh.
k.      Siswa siswi wajib asung wewarah
l.        Sluman, slumun, slamet.
3.      Purwakanthi basa utawi saged dipunsebat purwakanthi lumaksita utawi reduplikasi anadiplosis, inggih menika ambalaning tembung utawi frase ingkang berurutan wonten ing ukara utawi ing sajroning gatra tembang.
Tuladha :
a.       Angajia tat krama, ngajia basa kang beik, ngajia duga prayoga.
b.      Asung bekti, bektine kawula marang Gusti
c.       Bayem arda, ardane ngrasuk busana
d.      Jarwa roga, roganing driya wis sirna
e.       Mong ing tirta, tirta kandheg ing samodra.
f.       Pandhu suta, suta madyaning Pandhawa
g.      Raja Putra, Putrane dalem Astina.Kolik priya, priyagung Anjani putra
h.      Ratih ratu, retune wong cakra kembang, kembang wijaya kusuma asih maring kula.
i.        Saking tresna, tresnane mung samudana
j.        Timun, monte, tela, lodheh, dhehem, hemper, perot, roti





SUMBER REFERENSI :
-          http://sulistiya-pratama.blogspot.com/2012/05/purwakanthi.html?m=1


Catur Sembah wonten ing Gambuh Serat Wedhatama


1.      SEMBAH RAGA
Sembah raga menika lakunipun tiyang kang lagi/calon “ngolah batin”. Nyuciake diri ngangge sarana banyu, kangge rasa ngormati wayah/wektu. Ing jaman semana dereng nate kenal ajaran kang kebak tabir. Nembe niki wonten tiyang nunjukaken hasil rekaan amalanipun aneh aneh. Menawi mboten salah, kados santri kidul. Kadang kados santri Dul (gundul), sakdawane pinggir pesisir pacitan. Ewon uwong percoyo, ngasal anggere ngomong, kesusu kepingin weruh cahyaning Gusti kinira bisa tinemu. Nganti anti kepinginan kang gedhe, nanging tiyang mboten mangertos menika nalaripun salah kaprah. Menawi jaman semana, tertib teratur runtut harmonis. Sariat mboten dicampur adukkalihan olahipun batin. Lajeng mboten nggawe bingung kangge kang nyembah Gusti. Saget sinebut olah, kang sifatipun ajeg lan tekun. Saklerese, sarian  menika anakku, kasilipun sariat menika saget nyegerake awak supados luwih apik.
Tiyang kang seger awakipun, awak, otot, daging, kulit lan balung sum sumipun dados seger. Mengaruhi getih, gawe ati tentrem, ngresiki kekusutanipun batin. Menika menurutipun kula. Ananging amargi tiyang menika beda beda, ugi beda garis nasib saking Gusti. Sakbeneripun mboten cocok

2.      SEMBAH CIPTA
Sembah iki kena kasebut sembah kalbu. Kaya sing uwis kacithak ning tembang gambuh:
Samengkon sembah kalbu/ yen lumintu uga dadi laku/ laku agung kang kagungan narapati/ patitis teteking kawruh/ meruhi marang kang momong.
Sembah cipta iki kalebu sembah kalbu utawa sembah ati. Dudu sembah gagasan utawa angan-angan.
Umpamane sembah cipta digunakaken kanggo banyu kanggo ngresiki kotoran utawa najis, sembah cipta iku dadi larangan utawa batesan kanggo manungso saengga ora nindakaken tindakan sing gawe dosa.

Bersuci iku ana 4 cara. Sing kepisan yaiku ngresiki seko hadast utawa najis lahiriah. Kepindo ngresiki seko perbuatan kang gawe dosa lan ngelanghar aturan. Katelu ngresiki
ati seko perasaan tercela. Kaping papat ngresiki ati seko apa wae sing ana kecuali Allah. Carane ngresiki hadast utawa najis yaiku nganggo banyi wudhu. Thaharah sing kaping telu lan papat yaiku ngosongaken ati saka perbuatan kang ora terpuji.

3.      SEMBAH JIWA
Ingkang diajaraken sembah kaping tiga inggih kagem Hyang sukma (jiwa). Kedah dipunhayati wonten ing urip saben dintenipun. Diusahakaken supados saged ngraih sembah jiwa menika.
Tingkah laku olah batin kedah dijaga. Njaga kasucining jiwa kalihan kedah kemutan menawi benjing, bakalipun wonten alam ingkang abadi, sauwise alam donya kang mboten saklawase menika.
Cara njaginipun inggih menika kanthi nguwasani, njupuk, ngiket, saha ngrangkul kenceng tigang jagad ingkang dikuwasani. Kedah ngandelaken keyakinan saha iman. Amargi donya menika pancen abot anggenipun njalani.
Inggih pancena urip ing donya menika mboten gampil. Kita mboten pareng larut utawi kegawa gemerlaping donya menika, ingkang saged damel jiwa kita risak.
Dalanipun inggih saking luyut. Inggih menika bates antaraning lahir kalihan batin. Kedah tetep sabar ngadepi “alam donya ingkang saged nghanyutaken”. Ati – ati saha waspada, ingkang saged nuntasaken amung jiwa kita piyambak.

4.      SEMBAH RASA
Ing mengko bakal tak wulang. Ganti sumembah kaping papat. Sembah kanthi trusing batin kang murbeng dumadi. Wis ora ana kang disalahke. Menang jroning batin.